Sedulur sing seneng facebook, kiye ana cara nggo nambah gadget Status Ym maring profil facebook.
Pertama sedulur login disit maring Facebook nganggo email dan password sedulur. Terus nang kotak pencarian tulis bae Yahoo! Messenger Button nah terus pilih View Application.
nek wis muncul jendela aplikasine pilih maning tombol Go to Application
nang pilihan akses pilih tombol Allow nggo ngijinaken aplikasine diinstal nang profile
nah nang kene bisa milih, apa aplikasi kiye arep di pasang nang info apa nang halaman profile, pilih salah siji bae…contone sedulur milih Add to Profile
nek muncul Pop-up konfirmasi bae terus pilih tombol Add
nek wis rampung di tambah, otomatis terus di load maring halaman profile, aplikasi kiye wis ana nang profil, nek wis mlebu maring halaman profile, perhatikan nang barisan sidebar, terutama aplikasi sing nembe bae di tambah….klik tombol Keep ben tetep ana nang sidebar profil.
nek wis di keep khan….siki gari di configure ID sing arep dinggo nang aplikasi kiye. ID kiye ya ID Yahoo Mesengger sing sering dinggo nang sedulur…pilih link Configure
nggo nglebokna ID ne sedulur.
terus lebokna ID Ym sing sering dinggo, tulis ID nang kotak sing wis disediakna….trus pilih tombol update
nah wis rampung nggole nambah aplikasi Add me…utawa status Online IM nang facebook.
Selamat mencoba…….!!! Tulis komen ya....maturnuwun.