Senin, 31 Agustus 2009

MotoGP nang Indianapolis : Juarane Lorenzo, Rossi Metu, Pedrosa Tiba

Pembalap asal Spanyol Jorge Lorenzo menang wis ping telu kiye nang musim 2009, menange gampang banget nang Indianapolis dina Senen esuk 31 Agustus 2009.

Sewise Rossi tiba terus metu karo Pedrosa sing pada bae tiba, Jorge Lorenzo wis ora duwe lawan maning sing abot. Lorenzo tekan garis finis unggul 9,43 detik sekang pembalap San Marino, Alex De Angelis.
Terus sing urutan ke telu Nicky Hayden sekang Ducati.

Hasil MotoGP Indianapolis :

1. Jorge Lorenzo (Spain) Yamaha 47 mins 13.592 secs
2. Alex de Angelis (San Marino) Honda 47:23.027
3. Nicky Hayden (U.S.) Ducati 47:26.539
4. Andrea Dovizioso (Italy) Honda 47:27.070
5. Colin Edwards (U.S.) Yamaha 47:39.846
6. James Toseland (Britain) Yamaha 47:46.000
7. Loris Capirossi (Italy) Suzuki 47:47.992
8. Mika Kallio (Finland) Ducati 47:48.448
9. Toni Elias (Spain) Honda 47:58.597
10. Dani Pedrosa (Spain) Honda 47:58.969
11. Chris Vermeulen (Australia) Suzuki 47:59.070
12. Randy de Puniet (France) Honda 48:05.886
13. Aleix Espargaro (Spain) Ducati 48:17.144
14. Gabor Talmacsi (Hungary) Honda 48:28.678
Readmore »

Jumat, 21 Agustus 2009

Valentino Rossi dadi Juara MotoGP nang Ceko

Sing njagokna Rossi dadi juara bakal seneng nek ngerti Rossi juara nang Ceko.

Valentino Rossi menang dadi juara MotoGP nag Ceko dina Minggu tanggal 16 Agustus 2009. Rossi siki mimpin klasemen sementara, sewise menang nang sirkuit Brno sing jarake 5403 meter.

Pembalap sekang tim Fiat Yamaha kiye sukses finish nang urutan pertama Moto GP Ceko 2009 ninggalaken Dani Pedrosa nang nomer loro. Terus saingane sing paling abot siki Jorge Lorenzo sing sekang Spanyol ora finish merga tiba nang tengah-tengah lomba.

Hasil Lomba Balap Moto GP Ceko 2009 :
1. Valentino Rossi Yamaha 43m08.991s
2. Dani Pedrosa Honda + 11.766s
3. Toni Elias Gresini Honda + 20.756s
4. Andrea Dovizioso Honda + 21.418s
5. Loris Capirossi Suzuki + 21.538s
6. Nicky Hayden Ducati + 25.544s
7. Colin Edwards Tech 3 Yamaha + 25.676s
8. Alex de Angelis Gresini Honda + 34.109s
9. James Toseland Tech 3 Yamaha + 35.617s
10. Randy de Puniet LCR Honda + 39.824s
11. Chris Vermeulen Suzuki + 40.776s
12. Niccolo Canepa Pramac Ducati + 50.661s
13. Gabor Talmacsi Scot Honda + 59.188s

Mundur:
Mika Kallio Ducati 20 laps
Marco Melandri Hayate Kawasaki 20 laps
Jorge Lorenzo Yamaha 17 laps
Michel Fabrizio Pramac Ducati 5 laps
Readmore »

Selasa, 18 Agustus 2009

Nggawe Footer dadi 2 Kolom

Blog ben keton rame terutama nang bagian footer / ngisor, sedulur bisa nambah elemen dadi 2 kolom.

Carane :

1. Login disit maring Blogger.

2. Klik Layout -> Edit HTML

3. Backup template sedulur, klik Download Full Template ben sedulur bisa mbalekna maning maring template asline sedurunge di tambahi kode-kode HTML nek perubahane kurang memuaskan.

4. Nek uwis, sedulur goleti kode ]]></b:skin>

5. Tambah kode nang ngisor kiye :
#footer-column-divide {
clear:both;

.footer-column {
padding: 10px;

nang duwure kode ]]></b:skin>

6. Nek uwis goleti kode nang ngisor kiye :

<b:section class='footer' id='footer'/>

7. Di busek kode <b:section class='footer' id='footer'/> terus ganti nganggo kode nang ngisor kiye :

<b:section class='footer-column' id='col1'
preferred='yes' style='float:left;'/>

<b:section class='footer-column' id='col2'
preferred='yes' style='float:left;'/>

8. Nek uwis klik Save Template. Terus klik Page Element.
Nek berhasil dadine kaya gambar nang ngisor kiye.

footer 2 kolom

Readmore »

Kamis, 06 Agustus 2009

Carane Masang Statistik Pengunjung Blog Nganggo www.widgeo.net

Masang statistik pengunjung nang blog jan-jane kuwe penting nggo ngewei ngerti sepira tenare blog, pira jumlah pengunjung total, pira total tampilan halaman sing di bukak, pira jumlah pengunjung dina siki, pira sing lagi online.

Seliyane masang nganggo www.widgeo.net sedulur ya bisa masang statistik pengunjung nganggo Histats.

Wis mulai bae la ya...

Carane Masang Statistik Pengunjung Blog Nganggo www.widgeo.net, kaya kiye :
1. Pertama-tama bukak http://www.widgeo.net/

2. Nang kono ana kategori sing bisa di pilih, antara lain : Geo Counter, Live+Counter, Live Counter , lan liyane. Pilih sing kirane cocok sing di pengini.

3. Pilih siji Hit Counter carane klik bunderan cilik nang sebelaeh gambar, terus tulis informasi mengenai blog'e sedulur terus Klik OK

4. Nek uwis terus nongol kode-kode HTML, Copy Code HTML kuwe, kaya conto nang ngisor.

5. Terus bukak blog'e sedulur kaya biasane, terus klik Tata Letak.

6. Terus klik Element Halaman.

7. Klik Tambah Gadget

8. Pilih HTML / Java Script terus paste kode sing mau di copy.

9. wis rampung....

Selamat Mencoba......
Readmore »

Rabu, 05 Agustus 2009

Nggawe Elemen Halaman nang Ngisore Header

Nang ngisore Header bisa di tambah elemen maning, elemen kuwe bisa di enggo ngo masang foto apa masang iklan.

Nek arep nggawe elemen halaman sing anyar, sedulur cukup nambaih kode css karo HTML maring kode template.

Langkah-langkah kaya kiye
1. Kaya biasane, login disit maring blogger.com

2. Terus mlebu maringi Dasbor, terus klik Tata Letak / Layout

3. Terus klik Elemen Halaman

4. Tampilan header kaya kiye :

elemenheader

1. Nggo nambah Elemen Halaman nang ngisore header, kaya tampilan nang duwur, sedulur bisa mulai klik Edit HTML

2. Terus klik Download Template Lengkap kiye nggo nyimpen data sing ana nang blog sedurunge berubah template sedulur.

3. Setelah proses penyimpanan selesai, anda tinggal copy kode di bawah :

#under_header{
margin:10px 0;
padding:1%;
width:98%;

4. Terus paste nang duwure kode ]]></b:skin>

5. Terus copy kode kiye :

<b:section class='header' id='underheader' preferred='yes'/>

6. Sewise di copy, terus paste paste nang ngisore kode :

<b:section class='header' id='header' maxwidget="1" showaddelement="no">
<b:widget id='Header1' locked='true' title='test (Header)' type='Header'/>
</b:section>

7. Nek wis, klik tombol SIMPAN TEMPLATE

8. Siki nang ngisore header wis ana Elemen Halaman Baru. Siki bisa di deleng.

9. Horeee berhasil.
Readmore »

Senin, 03 Agustus 2009

Carane Ngganti Template

Kiye khusus nggo sing nganggo "New Blogger Template" :
1. Kaya biasane mlebu maring blogger.com, terus mlebu maring dasbor blog.

2. Terus klik Layout / Tata Letak

3. Terus klik "Pilih Template Baru".

4. Nang kene tampil akeh templae / tampilan blog. Sedulur gari milih sing endi sing arep nggo ngganti. Klik nang ngon bunderan cilik nang ngisore template.

5. Nek wis milih klik save / simpan.

6. Nah siki tampilane wis berubah dadi apik, nek urung puas ya ganti maning nganggo cara mau.
Readmore »

Minggu, 02 Agustus 2009

Carane Posting nang Blog

Sewise sedulur rampung ngole nggawe blog, siki gari postinge :
1. Pertama login disit maring blogger.com.

2. Terus mlebu maring Dasbor blog.

3. Terus klik Edit Baru / New Post.

4. Terus ana menu postingan sing kosong. Nang kene nggole posting artikel.

5. Ana 2 macem model postingane, arep nganggo HTML apa sing langsung nulis. Sing kepengin sinau HTML download bae nang kene gratis Mastering Kode HTML

6. Nek arep ngarah gampange ya nggawe artikel disit nang notepad apa nang MsWord terus di copy terus paste nang kolom postingan.

Selamat Posting ya...
Readmore »

Carane Nggawe Blog Gratisan

Sugeng rawuh sedulur-sedulur, Inyong duwe informasi nggo sing seneng maca lan nulis, kiye fasilitas gratisan, fasilitas kiye duweke Om Google. Sing seneng berkreasi nang internet ya nang kene, jenenge blog, sing nulis utawa sing duwe blog jenenge blogger. Inyong ya uga lagi sinau carane nggawe blog. Nggo para senior sing wis pada dadi master nang dunia blog, ya inyong nyuwun bimbingane ya....mbok ana sing salah ya nyuwun ngapura nek bisa di benerna. Kesuwun.

Wis mulai bae ya nggole sinau nggawe blog.

Nek arep nggawe blog kiye kudu nduwe akun disit nang nngone Om Google, istilahe ya kulanuwun..he..he..

Nggawe email disit nganngo gmail ya, klik bae nang kene http://mail.google.com/, tulis jeneng, alamat email , password / kata kunci, lanliyane.

Nek wis duwe alamat email nang gmail.com, terus
1. Mlebu maring BLOGGER.COM klik http://www.blogger.com/

2. Terus isi Username karo Pasword-e sedulur. Kiye conto gambare nang ngisor. Trus klik masuk / enter maring halaman teruse.

3. Terus mlebu maring Halaman 1
Create / Ciptakan account kaya ganbar sing nang ngisor. Isi kabeh kolom sing kosong.

4. Terus maring halaman 2
Di isi Judul Blog sing arep di gawe, kaya blog'e inyong kiye "Blog'e wong Purbalingga" conto gambar nang ngisor. Terus nang ngisore judul blog di isi alamat blog'e (url), conto nggonku "wong-purbalingga". Dadi alamat blog'e (url) http://wong-purbalingga.blogspot.com. Nggole milih alamat blog'e di sesuaikna karo ketersediaan nang blogspot.com, wis ana sing nganggo apa urung.

5. Terus mlebu maring Halaman 3.
Milih template / tampilan blog'e sing kira-kira cocok karo tema blog'e. Sarane nyong si nganggo type Minima sing minimalis disit, mengko nek arep ngrubah apa nambah kode2 javaskrip-e relatif gampang. Conto template kaya sing nang gambar.

6. Terus Klik Lanjut. Asik...Blog'e wis dadi.

Sukses ya....
Readmore »