Kamis, 06 Agustus 2009

Carane Masang Statistik Pengunjung Blog Nganggo www.widgeo.net

Masang statistik pengunjung nang blog jan-jane kuwe penting nggo ngewei ngerti sepira tenare blog, pira jumlah pengunjung total, pira total tampilan halaman sing di bukak, pira jumlah pengunjung dina siki, pira sing lagi online.

Seliyane masang nganggo www.widgeo.net sedulur ya bisa masang statistik pengunjung nganggo Histats.

Wis mulai bae la ya...

Carane Masang Statistik Pengunjung Blog Nganggo www.widgeo.net, kaya kiye :

  1. Pertama-tama bukak http://www.widgeo.net/

  2. Nang kono ana kategori sing bisa di pilih, antara lain : Geo Counter, Live+Counter, Live Counter , lan liyane. Pilih sing kirane cocok sing di pengini.

  3. Pilih siji Hit Counter carane klik bunderan cilik nang sebelaeh gambar, terus tulis informasi mengenai blog'e sedulur terus Klik OK


  4. Nek uwis terus nongol kode-kode HTML, Copy Code HTML kuwe, kaya conto nang ngisor.



  5. Terus bukak blog'e sedulur kaya biasane, terus klik Tata Letak.

  6. Terus klik Element Halaman.

  7. Klik Tambah Gadget

  8. Pilih HTML / Java Script terus paste kode sing mau di copy.

  9. wis rampung....

Selamat Mencoba......

Artikel sing berkaitan



0 komentar:

Posting Komentar