Minggu, 02 Agustus 2009

Carane Nggawe Blog Gratisan

Sugeng rawuh sedulur-sedulur, Inyong duwe informasi nggo sing seneng maca lan nulis, kiye fasilitas gratisan, fasilitas kiye duweke Om Google. Sing seneng berkreasi nang internet ya nang kene, jenenge blog, sing nulis utawa sing duwe blog jenenge blogger. Inyong ya uga lagi sinau carane nggawe blog. Nggo para senior sing wis pada dadi master nang dunia blog, ya inyong nyuwun bimbingane ya....mbok ana sing salah ya nyuwun ngapura nek bisa di benerna. Kesuwun.


Wis mulai bae ya nggole sinau nggawe blog.

Nek arep nggawe blog kiye kudu nduwe akun disit nang nngone Om Google, istilahe ya kulanuwun..he..he..

Nggawe email disit nganngo gmail ya, klik bae nang kene http://mail.google.com/, tulis jeneng, alamat email , password / kata kunci, lanliyane.

Nek wis duwe alamat email nang gmail.com, terus

  1. Mlebu maring BLOGGER.COM klik http://www.blogger.com/

  2. Terus isi Username karo Pasword-e sedulur. Kiye conto gambare nang ngisor. Trus klik masuk / enter maring halaman teruse.


  3. Terus mlebu maring Halaman 1
    Create / Ciptakan account kaya ganbar sing nang ngisor. Isi kabeh kolom sing kosong.

    .

  4. Terus maring halaman 2
    Di isi Judul Blog sing arep di gawe, kaya blog'e inyong kiye "Blog'e wong Purbalingga" conto gambar nang ngisor. Terus nang ngisore judul blog di isi alamat blog'e (url), conto nggonku "wong-purbalingga". Dadi alamat blog'e (url) http://wong-purbalingga.blogspot.com. Nggole milih alamat blog'e di sesuaikna karo ketersediaan nang blogspot.com, wis ana sing nganggo apa urung.


  5. Terus mlebu maring Halaman 3.
    Milih template / tampilan blog'e sing kira-kira cocok karo tema blog'e. Sarane nyong si nganggo type Minima sing minimalis disit, mengko nek arep ngrubah apa nambah kode2 javaskrip-e relatif gampang. Conto template kaya sing nang gambar.



  6. Terus Klik Lanjut. Asik...Blog'e wis dadi.

    .


Sukses ya....

Artikel sing berkaitan



0 komentar:

Posting Komentar