Rabu, 30 September 2009

Masang Player nang Facebook

Facebook di pasang Player. Bisa karo ngrungokna musik ya....

Masang Player nang FacebookMasang Musik Player nang Facebook pancen beda di bandingna karo Friendster, sebabe nang Facebook ora olih nglebokna kode-kode HTML, Javascript. Dadine sing bisa di enggo ya aplikasi.

Siki akeh aplikasi musik sing wis tersedia nang Facebook, tapi ora kabeh lagu nang aplikasi musik gratisan. Siki tek saranaken sedulur nganggo aplikasi Profile Playlist.

Cara masange :
1. Sedulur bisa langsung klik aplikasi Profile Playlist.
2. Terus goleti lagu carane ketik judul lagune utawa jeneng band. Nek sing di goleti wis ketemu, jajal di setel disit lagunae sedurunge di tambahna.

music player on Facebook, get here. Player musik MP3 di Facebook, pasang sekarang!

3. Nek lagune wis cocok, langsung bae di tambahna, klik Izinkan/Allow, sedulur bisa nggoleti lagu liyane nang aplikasi kiye.

add music mp3 player on facebook - tambah mp3 musik player lagu band

4. Terus klik Edit nggo nganti judul lagu. Lagu sing bisa di tambahna bisa nganti 200 lagu, Save playlist nek wis rampung milih, terus di jenengi playlist-e.
5. Register account nggo nyimpen playlist-e.

add music mp3 player on facebook - tambah mp3 musik player lagu band
6. Klik Add to profile, terus langkah terakhir klik Keep.

Music player siki wis di pasang nang profil facebook, lagu mau ora otomatis moni, nggo muter lagune sedulur kudu klik Play.

Selamat Mencoba.....
Readmore »

Rabu, 16 September 2009

Nggawe Tulisan Kewalik nang Facebook

ʞooqәɔɐɟ ƃuɐu ʞ!Ⴈɐʍәʞ uɐs!Ⴈnʇ әʍɐƃƃu - ʞooqәɔɐɟ - ɐƃƃu!Ⴈɐqɹnd ƃuoʍ ә,ƃoႨq

Sedulur bisa maca tulisan nang duwur ? Apa macane kudu malik komputer ya..he..he..he...

Tulisan Kewalik, apa sedulur tau olih komen nang facebook ngganggo tulisan kewalik. Siki sedulur bisa nggawe tulisan kewalik nggo ngomentari facebook nggone kancane.

Kiye jenenge upside down writing (tulisan terbalik) sekang sherv.net sing nyediakna fasilitas nggawe kewalik tulisan. Mung ngetik tulisan nang halaman sing di sediakna nang sherv.net, sedulur langsung olih hasile.

Carane kepriwe ?

Monggo tindak maring
sherv.net

Selamat mencoba...
Tulis komen nang ngisor ya...kesuwun.
Readmore »

Masang Buku Tamu nang Blog

Buku Tamu nang Blog biasane nggo tempat komunikasi sing duwe blog karo pengunjung blog, pengunjung karo pengunjung. Dadi blog nek di pasangi buku tamu kiye tambah rame. Nang buku tamu kiye ya bisa nggo gantian berkunjung maring blog-blog-e kancane.

Sedulur bisa masang buku tamu, tapi ndaftar disit maring http://www.shoutmix.com.
Carane kaya kiye :
  1. Daftar disit, carane klik tulisan Sign Up.

  2. Terus isi data-data nang kolom sing wis di sediakna.

  3. Nek wis terdaftar dadi anggota shoutmix, terus login nganggo ID sedulur.

  4. Nang kolom sing judule Style, klik menu appearance.

  5. Terus klik menu pulldown nang sebelah tulisan Load From Preset nggo ngatur tampilan buku tamu.

  6. Terus pilih sing sesuai karo karepe sedulur. Nek wis rampung klik Save Setting.

  7. Terus klik Use Shoutbox nang ngisore menu Quick Start.

  8. Klik tulisan Place Shoutbox on web page. Isi lebar, tinggi shoutbox.

  9. Terus copy kode HTML nang ngisor tulisan Generated Codes, terus paste Notepad.

  10. Klik Log out nggo metu sekang shoutmix.

  11. Proses pendaftaran wis rampung.

Siki gari masang kode HTML sing mau di simpen nang Notepad. Carane kaya kiye :


Khusus nggo Template Blogger anyar :
  1. Kaya biasa mlebu maring www.blogger.com.

  2. Klik menu Layout

  3. Klik Page Element

  4. Klik Add a Page Element

  5. Terus klik tombol Add to Blog sing nang ngisor HTML/JavaScript.

  6. Terus tulis judul shoutbox. Isi sesuai judul sing di karepaken.

  7. Copy kode HTML sing mau di simpen nang notebok. Terus paste kode HTML nang form Content.

  8. Nek wis rampung klik Save Changes.

  9. Wis rampung.

Selamat Mencoba. Aja kelalen ngisi komentar nang ngisor ya....kesuwun.
Readmore »

Selasa, 15 September 2009

Masang Kalender nang Blog

Para sedulur, ben pengunjung blog kelingan karo tanggal lan dina, nang blog bisa di pasangi kalender. Kalendere arep sing kaya apa ?

Tindak bae maring : http://www.free-blog-content.com/ , nek wis mlebu, sedulur bisa milih-milih endi sing kirane paling apik lan di senengi. Ana macem-macem kalender, kaya :
  • Animated Calendars
  • Car Calendars
  • Girl Calendars
  • Animals Calendars
  • Nature Calendars
  • Abstract Calendars
  • Plain Calendars
  • Calendars with Clock


Cara Masang Kalender nang Blog, kaya kiye :


Nggo Template Klasik

  1. Kaya biasane mlebu maring blogger, terus mlebu maring dasbor.

  2. Klik Tata Letak

  3. Klik Edit HTML

  4. Copy kode HTML, terus paste nang program notepad terus di save. Tujuane nggo jaga-jaga nek ana kesalahan edit template, esih duwe data nggo mbalekna maring awal maning.

  5. Copy kode sing nang notepad terus paste nang nggone sing di karepaken, arep nang Sidebar.

  6. Klik tombol Simpan Perubahan Template

  7. Wis rampung.

Nggo Template Anyar

  1. Kaya biasa mlebu maring blogger, terus maring dasbor.

  2. Klik Tata Letak

  3. Klik Elemen Halaman

  4. Klik tulisan Tambahkan sebuah elemen halaman

  5. Klik tombol TAMBAHKAN KE BLOG nang ngisore HTML/JavaScript

  6. Copy kode nang notepad terus paste nang kolom sing wis disediakna.

  7. Klik tombol SIMPAN PERUBAHAN

  8. Pindah elemen sing nembe di gawe maring ngon sing di karepaken, terus klik SIMPAN

  9. Wis rampung, hasile kaya kiye.


Free Blog Content


Selamat Mencoba, o ya aja kelalen ya ngisi komentar nang ngisor, kesuwun.
Readmore »

Minggu, 06 September 2009

Rossi Juara nang Misano, San Marino

Valentino Rossi

Rossi dadi Juara nangMisano, San Marino dina Minggu 6 Agustus 2009, sing nomer loro Lorenzo, terus sing nomer telu Dani Pedrosa. Dadi poin-e Rossi siki 237, unggul 30 poin sekang Lorenzo. Pedrosa nang nomer telu klasemen sementara poin-e 157.


Hasil GP San Marino, Minggu (6/9-'09):
  1. Valentino ROSSI ITA Fiat Yamaha Team Yamaha 44'32.882
  2. Jorge LORENZO SPA Fiat Yamaha Team Yamaha selisih 2.416
  3. Dani PEDROSA SPA Repsol Honda Team Honda selisih 12.400
  4. Andrea DOVIZIOSO ITA Repsol Honda Team Honda 26.330
  5. Loris CAPIROSSI ITA Rizla Suzuki MotoGP Suzuki 26.539
  6. Toni ELIAS SPA San Carlo Honda Gresini Honda 28.286
  7. Mika KALLIO FIN Ducati Marlboro Team Ducati 30.184
  8. Marco MELANDRI ITA Hayate Racing Team Kawasaki 31.757
  9. Chris VERMEULEN AUS Rizla Suzuki MotoGP Suzuki 31.909
  10. James TOSELAND GBR Monster Yamaha Tech 3 Yamaha 38.347
  11. Aleix ESPARGARO SPA Pramac Racing Ducati 46.673
  12. Randy DE PUNIET FRA LCR Honda MotoGP Honda 52.041
  13. Niccolo CANEPA ITA Pramac Racing Ducati 1'03.198
  14. Gabor TALMACSI HUN Scot Racing Team MotoGP Honda 1'22.347

Sing gagal finish :
Alex DE ANGELIS RSM San Carlo Honda Gresini Honda
Colin EDWARDS USA Monster Yamaha Tech 3 Yamaha
Nicky HAYDEN USA Ducati Marlboro Team Ducati
Readmore »