Rabu, 16 September 2009

Masang Buku Tamu nang Blog

Buku Tamu nang Blog biasane nggo tempat komunikasi sing duwe blog karo pengunjung blog, pengunjung karo pengunjung. Dadi blog nek di pasangi buku tamu kiye tambah rame. Nang buku tamu kiye ya bisa nggo gantian berkunjung maring blog-blog-e kancane.

Sedulur bisa masang buku tamu, tapi ndaftar disit maring http://www.shoutmix.com.
Carane kaya kiye :
  1. Daftar disit, carane klik tulisan Sign Up.

  2. Terus isi data-data nang kolom sing wis di sediakna.

  3. Nek wis terdaftar dadi anggota shoutmix, terus login nganggo ID sedulur.

  4. Nang kolom sing judule Style, klik menu appearance.

  5. Terus klik menu pulldown nang sebelah tulisan Load From Preset nggo ngatur tampilan buku tamu.

  6. Terus pilih sing sesuai karo karepe sedulur. Nek wis rampung klik Save Setting.

  7. Terus klik Use Shoutbox nang ngisore menu Quick Start.

  8. Klik tulisan Place Shoutbox on web page. Isi lebar, tinggi shoutbox.

  9. Terus copy kode HTML nang ngisor tulisan Generated Codes, terus paste Notepad.

  10. Klik Log out nggo metu sekang shoutmix.

  11. Proses pendaftaran wis rampung.

Siki gari masang kode HTML sing mau di simpen nang Notepad. Carane kaya kiye :


Khusus nggo Template Blogger anyar :
  1. Kaya biasa mlebu maring www.blogger.com.

  2. Klik menu Layout

  3. Klik Page Element

  4. Klik Add a Page Element

  5. Terus klik tombol Add to Blog sing nang ngisor HTML/JavaScript.

  6. Terus tulis judul shoutbox. Isi sesuai judul sing di karepaken.

  7. Copy kode HTML sing mau di simpen nang notebok. Terus paste kode HTML nang form Content.

  8. Nek wis rampung klik Save Changes.

  9. Wis rampung.

Selamat Mencoba. Aja kelalen ngisi komentar nang ngisor ya....kesuwun.

Artikel sing berkaitan



0 komentar:

Posting Komentar