Masang Musik Player nang Facebook pancen beda di bandingna karo Friendster, sebabe nang Facebook ora olih nglebokna kode-kode HTML, Javascript. Dadine sing bisa di enggo ya aplikasi.
Siki akeh aplikasi musik sing wis tersedia nang Facebook, tapi ora kabeh lagu nang aplikasi musik gratisan. Siki tek saranaken sedulur nganggo aplikasi Profile Playlist.
Cara masange :1. Sedulur bisa langsung klik aplikasi Profile Playlist.
2. Terus goleti lagu carane ketik judul lagune utawa jeneng band. Nek sing di goleti wis ketemu, jajal di setel disit lagunae sedurunge di tambahna.
3. Nek lagune wis cocok, langsung bae di tambahna, klik Izinkan/Allow, sedulur bisa nggoleti lagu liyane nang aplikasi kiye.
4. Terus klik Edit nggo nganti judul lagu. Lagu sing bisa di tambahna bisa nganti 200 lagu, Save playlist nek wis rampung milih, terus di jenengi playlist-e.
5. Register account nggo nyimpen playlist-e.
6. Klik Add to profile, terus langkah terakhir klik Keep.
Music player siki wis di pasang nang profil facebook, lagu mau ora otomatis moni, nggo muter lagune sedulur kudu klik Play.
Selamat Mencoba.....