Jumat, 02 Oktober 2009

Daftar Facebook

Para sedulur, wis tau mireng Facebook urung ya...?

Kayane sebagian besar wis tau.... Sing urung tau lan urung ngerti cara nggawene ya siki urung ketinggalan, sedulur bisa Daftar Facebook siki, carane gampang. Cara Daftar Facebook, monggo :

  1. Pertama-tama sedulur tindak maring alamat Facebook nang www.facebook.com utawa nang http://facebook.com, nah halamane kaya kiye sing nang ngisor.

    daftar facebook

  2. Terus isi kolom pendaftaran sing wis tersedia, isi nama lengkap, alamat email, password (kata kunci sing di enggo mlebu maring akun facebook, jenis kelamin, bulan tanggal tahun lahir. Nek wis di isi kabeh klik tombol Sign Up sing warna ijo. (aja kelalen di pastikna data sing diisi wis bener).

  3. Nek wis Sign Up, sedulur terus di gawa maring halaman seteruse, sedulur lebokna tulisan sing nongol nang nduwur. Nek kangelan maca tulisane, ganti nganggo tulisan / kode sing liyane, carane klik Try different words, nek wis di isi klik Sign Up.

  4. Nek wis klik sign up, berarti sedulur wis ke daftar nang facebook. Terus sedulur kudu aktifasi akun facebook, carane bukak kotak masuk nang email sing mau di daftarna.

  5. Email sedulur ana 2 pesan nang kotak masuk, sing pertama isine ucapan slamat datang, terus sing ke loro kiye sing penting, isine link aktifasi akun facebook. Terus klik bae link aktifasine.

  6. Nek wis di klik, sedulur mlebu maring halaman anyar sing tulisane "Account Confirmed" kuwe artine sedulur wis berhasil nggole aktivasi. Siki sedulur wis duwe akun nang Facebook. Siki sedulur bisa nggolet kanca. Apa kanca lawas nang SD, SMP, SMA sing suwe ora ketemu. Apa malah mantan pacare...he..he..he...

Selamat Mencoba ya....

Artikel sing berkaitan



0 komentar:

Posting Komentar